Ticker

6/recent/ticker-posts

Awas Bro, Ada Operasi Zebra 2013

info SELOGIRI - SELOGIRI - Membaca info terkini tentang Operasi Zebra 2013 pikiran tergelitik dari artikel seorang teman. Lucu, unik, nyentrik, gaul, apik tenan. Tulisan tersebut seperti ini:

Awas Bro, Ada Operasi Zebra 2013
Operasi Zebra 2013

Operasi Jaran Belang (Zebra), Mangga dipun waos nggih lur..... Wektu iki pulisi sak Indonesia lagi turut ndalan ngenekake cegatan sing diarani "Operasi Zebra 2013". Operasi Zebra 2013 iki dileksanakake suwene 14 dina saka tanggal 28 November tekan mbesuk tanggal 11 Desember 2013.


Mula aja njur padha kaget yen ngerti akeh pulisi turut ndalan. Aja padha banjur nylemong ngomong "wah arep tahun baru, mula ya akeh cegatan pulisi" apa meneh ngomong "busyet dech.... akeh pulisi ra gableg duwit". Ora ngono lur.... Operasi Zebra 2013 iki ora mung ana Selogiri utawa Wonogiri wae. Ning, kabeh jagat Indonesia Raya. Tujuane kanggo upaya preventif ben ora akeh tabrakan, numpak kendaraan ugal-ugalan, trek-trekan, lan njungkel-njempalik tiba ngglasar.

Mula sampekna marang sedulur, tangga teparo, pacar, kanca sekolah, kanca guru, kanca sapa wae (simbah-simbah rasah...) yen numpak kendaraan surat-surate sing lengkap ya..... STNK, SIM kudu digawa (BPKB rasah... mundhak ilang mengko malah cilaka. ndokok BPKB sing aman ki ya digadekne wae, yen enek lemari malah pangan rayap, yen eneng bank aman tur oleh duwit. yo ra...?)


Kelengkapane numpak kendaraan uga aja lali lho nda.... nganggo helm ya sing setandar aja mung nganggo sigaran bal, sepion 2 aja dipasang neng kiwa kabeh, plat nomer rasah dineka-neka kebak tulisan kaya papan iklan, kenalpot biasa wae rasah sing marakne stroke tanggane (apa meneh yen tanggane lagi lara untu). Lampu mboh awan apa bengi kudu murup bro.... rasah alesan bolame pedhot utawa mati. Yen mati gek ndang tuku, paling mung limang ewu (gawanane blekberi, mosok tuku bolam rakuat...).

Sing nggawa rodha papat, sabuk pengaman kui dudu pajangan lur..... dinggo nggih.... sing gak ana sabuke ndang gek ditukokne trus dipasang, aja mung nganggo debok utawa tali rafia. Kayane mung iki wae lur... info sing isoh tak sampekne. Mbok gagas apa ora yo terserah panjenengan dewe-dewe....

(Sumber: Saduran artikel M45 B 49 US | INFO WONOGIRI.CO.ID)

Post a Comment

0 Comments